Asal Usul Nama Desa Bulu – Edisi Transkrip Liputan

wartarembang.com-Asal mulane desa bulu yaiku Maling Kentiri mlebet wonten ing daerah mriki piyambake niku sak rombongan rumaos kesel. Rumaos panas piyambakke ngiyup ning ngisor uwit gede. Wit gedhe mau diarani karang uwit Bulu.

Ting mriku piyambakke ngasuh ing sawetara piyambakke terus mangkat maleh moro wetan. Dugi tengah-tengahe dusun mriki, terus anak buahe kantuk alangan. Piyambakke iku kesrimpet wit tales, tibo. Piyambakke ngadek maleh mlaku kebiyak-kebiyak sangkin Pati meniko kepaten, dugi tengah-tengah desa mriki niku sing bakdo kesrimpet tales niku wau. Nerak wit pari niku, pari wonten wulune utawa pari wulu niku. Mripate kecolok kaleh pari niku wau, piyambakke mboten saget mlampah lan mboten ngertos dalan. Dituntun sadulure terus dugi mriki kepethok kaleh tiyange jinggoten. Terus tiyange jinggak niku wau tangklet ” iki mau podo soko ndi? Kog iso koyo ngene kenopo?”

Tiyange kediri cerita ” niki wau ngeten, piyambakke mlampah kesrimpet wet tales. Piyambakke tibo terus mlaku maleh kecolok kaleh wet pari niku wau. Terus nggeh niki mboten ngertos dalan.

“Mbah jenggot “oooo nak ngunuw iku mau asale soko ndi? Asal usule soko ndi?” Lha terus cerita nak kiyambakke iku soko Pati, kebuyak kaleh pandawa Pati, asale piyambakke diarani maling, piyambakke ngaku maling ning maling ora kanggo awake dewe nanging maling kanggo tetulung sing ora duwe-duwe niku.

Tetulunge kuwi apik nanging sing ora apike karo negara kuwi yo nyolonge kuwi mau. ” wes ora po po, wong kuwi ora kanggo kuwe nanging kanggo nulung sanak kadang sing butuhno bantuan.” Lha terus ngeniki piye? Terus piyambakke cerita, mlayu melbu daerah mriki kok wonten wet gede niku ayom utawa ngrobyong terus tangklet tiyang ketigo niku wau.” “Ooo wet sing kulon niku wau?iku jenenge wet Bulu.” Nek ngunuw deso iki tak jenenge Desa Bulu masalahe kuwe entok pengayoman soko wet Bulu.

Lha punakawanem entok alangan ngene, sok mben anak putuku sing manggon ning deso kene ojo nganti pisan-pisan nerak larangane. Sepisan pari bulu, kapindo wet tales, sing kaping telune kedele. Iku nek nganti mbok langgar ngko nak ono apa-apane ojo salahno aku. Ngasi sak niki wong Bulu mboten putun nandur pari bulu, nandur tales dempel, karo nandur kedele. Kanthok mangan ning ora kanthok nandur.

Terus mbah jenggot niku pesen kaleh masyarakat mriki sing dijaluki ojo ngasi pisan-pisan niku ning wewaler utawa ninggal naluri. Dadi lurah ting mriki, perangkat ting mriki ojo nganti nglerwakno masalah naluri. Pisan sasi siro ing dino jumat legi iku, ojo nganti nglerwakno utowo ojo nganti lali syukuran utawa hajatan ing daleme mbah jenggot mriki.

Niku wau wonten pantangane. Pantangane yoiku angger sasi selo mboten teng mriki bancakane nanging ning nggone sasi becik, ning sasi becik kuwi pantangane nek syukuran utawa hajatan sesajine ojo nganti lurah nggowo gemblong ning nggone sasi becik.

Mbah jenggot niku istilahe sesepuh mriki. Pemuda mriki yen enek opo-opo niku lurah dikabari. ” Dino iki sek ati-ati, iki ono sek ora apek. Pas dino rabu pon mesti wonten maling.” Kudune perangkat iku ileng masalah naluri, dadi nek ono opo-opo iku iso bantu.

Mbah jenggot iku asli kados turas petarap kepasrahan dados mata-matane londo. Nek masalah godong tales dempel, niku katahe nek cah cilik podo panas. Lha nek enek sek nandur pari niku ngerti dalan niku di tambakaken teng rumah sakit mboten mari. Niku marine digoletake wong tuo, nik pingin mari kudune parine di jabuti.

Asal mulane desa bulu yaiku tiyang Kediri mlebet wonten ing daerah mriki piyambake niku sak rombongan rumaos kesel. Rumaos panas piyambakke ngiyup ning ngisor wit gede. Wit gedhe mau diarani karang wit Bulu.

Keterangan:

Nara Sumber: Marsyam (Penutur Cerita Lisan Desa Bulu)

Interviewer: Suhadi

Trancriber: Diana Setyaningsih

Terimakasih kepada:

– Masyarakat Desa Bulu, Rembang

– Marsyam

Sumber: Program Liputan “Potensi Desa” link https://youtu.be/a-IJHY_c02s

Bulu, 15 Mei 2018

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.